Mbuh

Pages

Senin, 21 Januari 2013

Contoh Sambutan Kepala Desa (Bahasa Jawa)


Contoh Sambutan Kepala Desa (Bahasa Jawa)


Assalamu’alaikum Warahmatullahiwabarakatuh

     Nuwun,nuwun,kula nuwun 

    Sagung para pepundhen ingkang dahat kinabekten,bapak-ibu ketua RW ing wewengkon Desa Ajibenang ingkang satuhu luhuring budi,bapak Aziz Nurudin ingkang satuhu kinurmatan,Ketua Panitia saanggotanipun ingkang kinurmatan ugi,lan mboten kesupen para rawuh ingkang winantu ing bagya mulya.
     Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT . Dene ing kalodhangan menika kita saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara menika.Shalawat saha salam mugi konjuk dhumateng Nabi kita Muhammad SAW.Para sahabat lan keluarganipun.
     Sederengipun,kula ngaturaken maturnuwun dhumateng panatacara ingkang sampun paring wekdal kangge kula matur dhumateng ngarsa panjenengan sedaya.
      Hadirin wal hadirat rakhimakumullah,
Ingkang sampun kita ngartosi sedaya menawi minuman keras iku termasuk inuman ingkang saged marakaken mabok,lan mabok saged mbekto dampak-dampak negatif wonten ing masyarakat.Katah kedadean - kedadean ing masyarakat ingkang mula - mulane saking minuman keras,ingkang secara lengkap mangke bade dipunterangaken dhumateng pakare inggih menika Bapak Aziz Nurudin.Nanging ingkang sampun jelas,miras iku mboten mung gawe lara awake dhewek namung ugi damel gerah kangge tiyang sanes. Dados,sumangga kita hindari miras lan jaga lingkungan kita saking miras.
     Kula ngaturaken matur nuwun lan paring apresiasi kangge Panitia Penyuluhan Anti Miras menika ingkang sampun ngawontenaken adicara ingkang saged paring manfaat kangge desa kita.Mugi adicara menika saged ngindaraken desa kita saking bahaya miras.
Amin..   
     Sagung para pepundhen ingkang dahat kinabekten,bapak-ibu ketua RW ing wewengkon Desa Ajibenang ingkang satuhu luhuring budi,para anggota panitia ingkang kinurmatan lan bapak ibu para rawuh ingkang kinurmatan ugi.
     Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken dhumateng ngarsa panjenengan sedaya.Mugia andadosaken pangertosan kangge kita sedaya.Sedaya kalepataning atur kawula nyuwun gunging samodra pangaksami…nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr W

2 komentar: